Jelajahi

Kategori
Best Viral Premium Blogger Templates

Iklan

Lirik Banyu Urip - Sunarto MA (feat Yayah Rosiyah) | 2000

Selasa, Juli 13, 2021 | 04:12 WIB Last Updated 2021-07-12T21:12:46Z
Voc. Sunarto MA (feat Yayah Rosiah)
Cipt. Embie C. Noer

Lir malaikat banyu ing utus Allah
Mamrih kang sarwa urip bahagia
Mangka udan dadi banyu kali
Banyu kali manjing samudra limpas daratan
Bangsa lelembut lan wit-witan purba 
Jejingkrakan ngenteni menusa
Bapa Adam kelawan Ibu Hawa anjelma ing jagat nur sirah
Swarga dosa bumi minangka titian
Sangkan paraning dumadi

Buana dadi kebek, kelebet gumelat ngumandangaken swara
Bumi pusaka kinasihan
Ngaku-aku bumi kinasihan, nanging kalah dening bangsa cacing
Selawase tan ngresula pegel ngagungaken lemah
Rumangsa nduweni kinasih ning banyu
Nanging tan bisa angraksa supaya sumur aja ketetesan getih
Banyu mata dosa.banyu mata dosa.

Senajan udan terkadang ditolak, terkadang uga perlu anane
Cecukulan kabeh butuh bumi sarwa murah asih
Dudu kukus ireng kang metu sing jero dusta
Dudu gumedene bencana raja pati kang gawe binasa
Cecukulan butuh bumi kang gandane suwarga

Tetesing banyu pangurip kang gawe bening sejati
Gegantang wis keliwat karena ngagungaken keturunan
Banjir getih sing sumur angkara murka
Nyebar ganda iblis laknat
Panggonan sesek kejepit dinding granit

Menusa den kungkung kesombongane dewek
Nanging ambeke masih duwur sing pengucape
Pepeteng ilang kari padange
Padahal srengenge wis arep sirna
Di pipis lembut pepadange pesta-pesta ning kota-kota

Isun isin karo singa kang kepangan galake
Isun isin karo kobra kang keserep wisae
Isun isin karo bangsa lelembut kang katiru cara-carae
Wis karebut raharjaning bumi
Karep isun bebalik arep bebenah
Lemah-lemah kang nela
Angisi kali pesisir sumur karo banyu kang adem
Malar para taruna nagari dadi mukti awibawa sumur
Malar para taruna nagari dadi muktia wibawa suhunan
Terus ngumbara maring alam kang suci
***
Komentar
komentar yang tampil sepenuhnya tanggung jawab komentator seperti yang diatur UU ITE
  • Lirik Banyu Urip - Sunarto MA (feat Yayah Rosiyah) | 2000

Trending Now