Voc. Atin Anatin
Cipt. Sunarto MABerag tua ngluyur saben dina
Mampar mampir ning warung pinggir dermaga
Larak-lirik mata maen gaya
Kurang terange nganggo kacamata
Balik maning pikire kaya remaja
Klalang-kliling ngulati wong wadon rangda
Bagen tua ngaksine masih perjaka
Ora eling ning umah putune sanga
Bareng tua duh selewa-lewa
Ora mikir keluarga ning umah
Ra perduli buang harta benda
Asal aja sampe ngrusak raga
Kumis tipis ala si toni kurtis
Pesam pesem prangsane wong paling laris
Ora ngarti yen wis dawa umure
Warna loro uga rupa rambute
#Reff
Berag tua umure sewidak lima
Lunga-lunga ora kari kacamata
Kanggo mikat bocah wadon sing gaya
Bagen sora ngentokena pekaya
Berag tua umure sewidak lima
Lunga-lunga ora kari kacamata
Kanggo mikat bocah wadon sing gaya
Bagen sora ngentokena pekaya
Berag tua wis gage elinga
Kelingana bakal arep lunga
Aja padu nyenengaken jiwa
Aja mumpung lagi sugih sunya
Berag tua arep kapan elinge
Ora lawas bakal dicabut umure
Kudu eling ning kelakuane
Eh tobata karo pengerane
Pleyat-pleyot dasar pipine kempot
Lantang-lantung kulite wis pada ngluntung
Pasang aksi nganggo jas stelan dasi
Nggo nutupi pasang gigi pariasi
Pleyat-pleyot dasar pipine kempot
Lantang-lantung kulite wis pada ngluntung
Pasang aksi nganggo jas stelan dasi
Nggo nutupi pasang gigi pariasi
***