Jelajahi

Kategori
Best Viral Premium Blogger Templates

Iklan

Lirik Wong Tandur - Abdul Ajib (feat Uun Kurniasih)

Redaksi
Sabtu, Februari 08, 2020 | 12:34 WIB Last Updated 2021-04-09T19:45:14Z
Voc. Abdul Ajib (feat Uun Kurniasih)
Cipt. Abdul Ajib

Wong tandur wong tandur rambute kawur
Disangga ning wong macul
Wong macule jaba kidul
Diwadai ning gendul
Jabure bubur grendul
Wong tandur ndase gundul

Wong macul wong macul pacule ucul
Ora gelem dipanggul
Sebab pundak mendukul
Deweke perlu anyul
Anyul endeng ngebul
Lirene ning duwur tanggul

Wong tandur wong tandur pinter jawabe
Omong ketemu kabeh
Mrupus metu sing lambe
Enak klentab-klentabe
Coba priben jawabe
Yuk dolan ning bapa lebe

Wong macul wong macul dipikir dingin
Sampeane bli isin

Kula iki wong miskin
Aja ngajaki kawin
Kula gelem dikawin
Pasrahan piring selosin

Aduh mong kawin maning
Lamun jaluke piring
Pikir pusing badan gering
Awak siji bli kesanding

Yawis aja geglendeng
Kula gah bli pandeng
Sendal growong akeh tatale
Demen wong laka modale
***
Komentar
komentar yang tampil sepenuhnya tanggung jawab komentator seperti yang diatur UU ITE
  • Lirik Wong Tandur - Abdul Ajib (feat Uun Kurniasih)

Trending Now