Jelajahi

Kategori
Best Viral Premium Blogger Templates

Iklan

Lirik Supir Inden - Abdul Ajib

Redaksi
Kamis, Februari 06, 2020 | 09:10 WIB Last Updated 2021-04-19T17:49:44Z
Voc. Abdul Ajib
Cipt. Abdul Ajib

Supir inden pikir tlaten
Sopan gampang ning penumpang
Eling minggir lah nyimpang
Lalu lintas disawang
Ngobrol guyon kang dibuang
Kuen supir ora sembarang
Kerja ora serampang

Ayo mang beca gage minggir
Ayo gage banting setir
Aja gawe dalan kagok
Mbokat mesin dadi mogok
Matak ngundangi wong nongkrong
Dikongkon rewangi ndorong

Dasar inden jaman bengien
Jalane kudu tlaten
Mangga pak kadipaten

Arjawinangun palimanan
Aja nglamun sing kelingan
Ning jangji kang temenan
Nanging bli kaleksanan

Kopling memplat oper persnelang
Tobat-tobat ndas puyeng
Bengsin klalen dideleng

Ayu bung kenet antre bengsin
Kanggo tambal-tambal isin
Ning yayu kang pinggir lawang
Gemuyu mbari disawang

Lawang nutup inden mangkat
Awas-awas klambi burkat
Minta ampun njaluk mudun
Ngomonge matur kesuwun
Mangga yu arjawinangun

Rajagaluh jatiwangi
Aja nglaluh kaya wingi
Jam telu durung tangi
Narike sampe bengi

Narik awan bli karuan
Gawe pusing ning majikan
Mekaya tambah sungkan

Aduh bung supir maca koran
Mbari mikiri setoran
Penumpang gawe lantaran
Pikire separan-paran
Senggak guyon ning restoran
Maksude kanggo hiburan

Kalunge slendang pelangi
Ambune arum mawangi
Mangga pak jatiwangi
***
Komentar
komentar yang tampil sepenuhnya tanggung jawab komentator seperti yang diatur UU ITE
  • Lirik Supir Inden - Abdul Ajib

Trending Now